Senin, 02 Agustus 2021
Minggu, 01 Agustus 2021
KPJ 357 ENDAHING SADULURAN
Endahing saduluran manut rehing Pangeran,
sami dene ngajeni wah mbiyantoni.
Nadyan beda agama wah beda golongannya,
tunggal rasa, pambekan, pri kamanungsan.
Reff : Kluwung
pindhanya, endah ing warna,
nyawiji mbangun urip kang adya,
tentrem raharja.
Rukun gawe santosa, crah mung bubrah
wohira;
ngestokna sabdeng Gusti, tresna sesami.
Nadyan panemu beda, nging tan samya sulaya;
olah kawicaksanan, tan nang-menangan. reff
Penyanyi : Ibu. Maya, Ibu Jenti
Arr : YFKL
Dibalik layar : Mas Hendra, Mas Ongko, mas Andi, mas Jalu
Labels:
Galeri